Jumat, 06 Februari 2015

0 Contoh Pidato bahasa jawa LKS hal 14

Date: Jumat, 06 Februari 2015 07.27
Category:
Author: Unknown
Share:
Responds: 0 Comment
Assalaamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun bapak kadus ingkang satuhu kinabekten, bapak ketua RW 03 ingkang satuhu kinurmatan, Bapak ketua RT 02 ingkang satuhu luhuring budi, bapak / ibu ingkang rawuh ingkang bagya mula, kanca-kanca pengurus saha anggota paguyuban ingkang kula tresnani.
            Sumangga kita sedaya tan kedhat tansah ngaturaken puja puji syukur dhumateng Gusti Alloh  ingkang sampun paringi pinten-pinten kanikmatan dhumateng kita utaminipun nikmat keserasan saengga ing dalu menika saged makempal pinanggih ing panggenan ngriki kanti boten wonten alangan satunggal menapa.
            Para rawuh ingkang kanurmatan,
            Keparenga kula matur sawetawis dhumateng panjenengan gegayutan kaliyan rancangan kula sakanca saking paguyuban para remaja ing pandhukuhan ngriki saha asiling pirembagan  wonten ing pepanggihan dalu menika.
            Kados ingkang sampun kaaturaken dening ketua  Paguyuban ngengingi rancangan pakaryan ingkang badhe katindaken lan ugi pangandikan saking bapak kadus. Pramila ing ngriki boten perlu kula aturaneken malih. Ingakang badhe kula aturaken bab wosing pirembagan lan pakaryan salajengipun ingkang kaedah dipungandangi dening para kanca pangurus paguyuban.
            Wosing pirembagan kala wau sampun dipunsarujuki bilh rancangan kula sakanca dipunsengkuyung dening bapak kadus minangka pemerintah dhusun lan sedaya para warga ingkang rawuh ing dalu menika. Dene wragad dipunbiyantu saking CV. Putra Bantala wolung yuta, saking pemerintah dhusun setunggal yuta lan swadaya masyrakat setunggal yuta.
            Dhumateng para pangurus paguyuban, wiwit wekdal menika kedah sampun sami siyaga nindakaken pakaryan. Pramila kula sampun sarembag kaliyan ketua bilih ngenjing malem ahad sedaya pangurus lan anggota paguyuban supados kempal kanggw ngawontenaken pirembagan mbagi tugas, dene panggenanipun wonten ing griya kula kawiwitan bakdasholat isa antwis setengah wolu dalu.
            Namung menika atur saking kula, bilih wonten kiranging tata krami anggen kula matur keparengga nyuwun agungng pangaksami.
            Matur suwun. Wassalamu’alikum wr. Wb.





                                                                                               
                                                                                    Nama  : Bayu aji satria
                                                                                    Kelas    : IXD
                                                                                    No        : 6







Artikel Terkait :



Posting Komentar